Total Pageviews

musim liburan hampir tiba....siap lebih awal

Saturday, May 1, 2010

yen ing tawang ono lintang

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
aku ngenteni tekamu
marang mega ing angkasa
ingsun takokke pawartamu

Janji-janji aku eling, cah ayu
sumedhot rasane ati
lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas
tresnaku sundhul wiyati

Dhek semana janjiku disekseni mega kartika
kairing rasa tresna asih

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
rungokna tangising ati
binarung swarane ratri, nimas
ngenteni mbulan ndadari

Dhek semana janjiku disekseni mega kartika
kairing rasa tresna asih

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
rungokna tangising ati
binarung swaraning ratri
ngenteni mbulan ndadari


Dhuh Nimas mustika ning wang...
Kang ngujiwat maweh reseping ati...
Tetulungo raga ingsun kang ketanam asmara
Esemiro nyirnake lungkrah lan lesu...
Ngilangke rasa kang samar...
Tresnaku sundul wiyati....

Ngalam..lami ngujiwati yen anggeget lathi ajinjit alise...
Sak solah bawane lencir kuning neng semake...
Sinawang yen ngujiwat, pamikir tan kuwat kaya arep nekat...

Suwe..suwe tamat prasasat arep nggayuh jimat ...

Yen tengah wengi pangrasaku kaya wis sumandhing...


Aduh wong kuning...liringe nitra kang wening...

Amung tansah tak laleke nanging trus eling...nanging trus eling..

Wekasan peputonku upomone sekar ojo nganti layu
kanggo cecundhukku adhuh ni mas mustikaku...







Catt:
Salah satu langgam karya Alm. Ki Narto Sabdo


0 comments:


Blog Archives

kolom komentar

Dapatkan comment widget ini di sini
Twitter Delicious Facebook Digg Favorites More